28 April 2010

Joke

Bajak Laut

Muntiyadi pethuk ambek Gempil koncone sing dines ndhik angkatan darat.

Tibake Gempil iku saiki sikile sing kiwo yo dingklang pisan, ambek tangane sing tengen tibake yo tughel digenti cathoke bakul beras.

Sing luwih nemen maneh, motone gempil kari sing kiwo.

Moto sing tengen wis cumplung ditutupi kain ireng malih koyok bajak laut.

"Lho Mun, sikilmu opoko ? " takok Gempil.

Mari ngono Muntiyadi cerito pengalamane kijolan sikile wong wedhok.

"Lha awakmu opoko kok mreteli pisan ?" Muntiyadi genti takok nang Gempil .

"Pas aku patroli nang Aceh, sikilku ngincak granat, langsung puthul.

Pas iku onoke sikile sapi, berhubung aku gak gelem, akhire yo ngene sikilku dhadhi mek sithok".

"Waduh cik apese nasipmu, lha tanganmu opoko kok digenti cathoke beras ?" takok Muntiyadi maneh.

"Mari sikilku tughel iku mau, aku dirawat ndhik barak. Moro-moro barakku dibom ambek mungsuh, kenek tanganku, langsung tughel.

Pas iku onoke cathoke beras, timbangane gak onok blas, akhire aku gelem. " jarene Gempil maneh.

"Wah kayal thok kon iku, lha motomu opoko kok cumplung pisan ? Kelilipen granat tah? " takok Muntiyadi maneh.

"Oo iku seje ceritone. Enak-enak cangkruk nyeritakno pengalamanku iku mau, moro-moro onok manuk nembeleki mripatku ". jare Gempil.

"Wah kon iku tambah ngawur thok ae, lha mosok ditembeleki manuk isok motone cumplung".

Muntiyadi mulai gak percoyo.

"Lho iku dhudhuk mergo tembelek manuk" jare Gempil.

"Lho opoko ?" takok Muntiyadi.

"Iku pas dino pertama aku nggawe cathok beras".


SPG

Sore-sore onok cewek SPG teko nawakno panci nang

omahe Wonokairun.

"Kulo nuwun. " jare cewek iku ambek nyepot sandal.

"Oo monggo, monggo pinarak. "jare Wonokairun.

"Nuwun sewu pak, ibu wonten Pak ?" takok ceweke.

"Waduh bojoku gak ndhik omah ndhuk " jare

Wonokairun.

"Yen ngoten, kulo ngerantos mawon " jare ceweke

maneh. "Lho monggo.

Anggepen koyok omah dhewe ndhuk " jare Wonokairun

ambek ngejak cewek iku

mau mlebu ruang tamu.

Mari ngono tamune ditinggal ngetren dhoro.

Pas Wonokairun mulih, tibake cewek iku sing lungguh

nang ruang tamu.

Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni kudhu ngamuk

ae.

"Ibu teng pundhi to Pak ?" takok cewek SPG iku.

"Bojoku lungo nang kuburan ndhuk" jare Wonokairun.

"Jam pinten mangke kondure ?" takok cewek iku maneh.

"Waduh gak weruh aku ndhuk. Wis onok limolas taun

durung tau mulih "

MODIN

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge sampek dipasangi selang. Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo mueneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip. Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.
Pas Mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-mggap gak isok ambekan, raine pucet, tangane gemeter. Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.
Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek
megap-megap, Mbah Jo nulis
surat. Karo siso-siso tenogone Mbah Jo ngekekno surate iku mau nang Pak Mudhine. Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire Pak Mudhin. Mari ngesaki surat Pak Mudhin nerusno ndungone. Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, Mbah Jo iku wonge apikan. Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e nganggo klambi batik sing digawe pas mbah Jo mangkat. Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku rek, pikire Pak Mudhin.
"Derek-derek sedoyo, onok
surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak sampekno nang peno kabeh. Lek ndhelok Mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate".
Mari ngono pak Mudhin ngerogoh
surat ndhik sak’e, bareng diwoco tibak’e munine..
HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!

Tidak ada komentar: