Drakula
Onok drakula loro jenenge Kentus ambek Kentir.
Arek loro iki wis sak wengi gentayangan golek mbun-mbunan gak oleh-oleh.
Wis meh katene isuk Kentir mbalik atik lambene abhang kabeh belepotan getih.
Ndhelok ngono, Kentus malih purik, "Waduh awakmu kok isok oleh getih akeh ?".
"Awakmu kepingin tah ?. Ayo melok aku !!! " jare Kentir.
Mari ngono arek loro iku miber bareng.
Gak sui terus anjlok ndhik wuwungane bangunan.
"Awakmu kethok cagak gendero ndhik ngisor iku ?" takok Kentir.
"Yo kethok rek !! Sing cedhake pos satpam iku se ," jare kentus.
"Wah hebat awakmu . ." jare Kentir.
"Lho opoko masalae ? " takok Kentus.
"Soale aku mau gak kethok . ." jare Kentir.
Asmuni
Bunali lagi kulak sandal nang pasar.
Moro-moro onok arek marani Bunali.
"Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?" takok arek mau.
"Dhudhuk !. Ngawur ae.!!" jarene Bunali.
"Ojo mbujuki aku tah. Sampeyan mesti Asmuni!" jarene arek mau ngeyel.
Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni Srimulat, tapi arek mau tetep ae ngotot gak percoyo.
Ndhik endhi ae Bunali ditututi ambek arek iku mau.
Mergo mangkel, akhire Bunali ngiyakno, cik arek iku ndang ngalih.
"Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate lapo kon !!"
"Tapi kok gak mirip blas yo?" jare arek mau ambek nginclik.
Nostalgia
Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia numpak
bronpit.
Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.
"Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang tau kepungkur pas pacaran biyen " jare Muntiyadi.
"Iyo cak, setuju." jare Romlah.
Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku iku.
Terus ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok jamane pas pacaran biyen.
Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh.
Ndelok bojone giras ngono, Muntiyadi tambah semuangat.
Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.
"Waduh dik, awakmu kok cik girase " jare Muntiyadi.
"Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume. ."
Wedhus
Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.
"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket
Bunali takon maneh.
"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."
Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.
"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang.
Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus.
Sakjane ngono onok opo?"
"Ngene lho, sing putih iku wedhusku..."
"Lha sing ireng ?"
"Podho . . ."
Semongko
Bunali lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong, padahal lagi wayahe panen. Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing ilang.Jarene wong sing nyolong iku Wonokairun, tapi Bunali gak wani nangkep.
Akhire Bunali nemokno cara cik malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih, Bunali masang papan peringatan sing onok tulisane ngene, ”Awas !!! Ati-ati lek arep nyolong. Salah siji semongkoku iki wis tak suntik racun” Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, Bunali mulih. Sisuke Bunali nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik pancet limolas.
”Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae wis wedhi ” pikire Bunali.
Mari ngono Bunali ndhelok papan pengumumane ambruk, wah paling ketiup angin, pikire Bunali maneh. Pas diwalik, tibake papan pengumumane ditambahi tulisan ambek malinge,
”Awas !!! saiki onok loro”.